-->

Arane Dolanan Bocah Tradisional Jawa

Arane Dolanan Bocah Tradisional Jawa

Arane Dolanan Tradisional Bocah Jawa - Dolanan tradisional bocah Jawi kala rumiyen kathah sanget jenisipun, ananging generasi muda  sakpunika sampun kathah ingkang sami kesupen utawi sampun mboten mangertos amargi perkembangan jaman ingkang sansaya majeng. Kamangka budaya-budaya Jawi ingkang kathah saha adi luhung punika kedhah kita lestarekaken

Dolanan khas bocah-bocah Jawi meniko antawisipun :
  • Lithungan (Istilahipun wonten basa Indonesia petak umpet)
  • Blodor, wonten daerah sanes kasebat gobak sodor
  • Jagoan
  • Sudhamandha, dolanan ngagem gacok(saking gendheng bata) lajeng bocah lompat beto gacok miyos kotak-kotak bujursangkar
  • Cublak-cublak suweng
  • Dakon
  • Lumpatan, ngagem tali ingkang didamel saking karet dipun rangkai, lajeng digoceki kalih bocah loro, bocah liyane nglumpati tali ingkang dhuwure wiwit sak dhengkul dugi sak dedegan
  • Uthat
  • Pasar-pasaran (ngagem godhong-godhongan lan kembang sekitar omah)
  • Gatheng utawa bekelan
  • Dolanan kecik, saking isi sawo
  • Thung-thung balung
  • Lan sak panunggalanipun
Mugi saged dados penggalihan kito sedoyo, supados dolanan-dolanan bocah tradisional khas Jawi punika mboten sirna, paling mboten generasi sakmenika saget tepang lan mangertos bab kabudayan Jawi ingkang kathah sanget.

Nyuwun pangapunten menawi kathah tembung saha ukara ingkang dereng leres....kawulo aturi ngleresaken.....Matur nuwun

Read other related articles

Also read other articles

© Copyright 2011-2024 JURUGAN INFO TERBARU 2024 | All Right Reserved | Supported by: MENOREH MEDIA